Selasa, 29 Juli 2025

Liburan Nang Umahe Dulur Pas Bulan Agustus

 Pas liburan kenaikan kelas aku karo kakange aku lunga maring umahe dulur nang Ciamis. Aku lunganganggo mobil disetir karo bapane aku, Pas nang perjalanan aku karo kakane aku ngobrol bareng, Dolanan hp bareng, Trus turu bareng nang mobil. Pas anjog rest area enyong dikongkon tangi nggo mangan ndisit. Bar mangan nang rest area bapaku ngonggkon manjing mobil soale pan lanjut perjalanan.

Seanjoge aku nang umahe dulur aku nang Ciamis, Aku langsung adus soale bar perjalanan adoh. Bar adus aku lanjut salaman karo mangan bareng dulur. Sore-sore aku dijak mancing karo um e aku nang mburi umah. Pas iwake wis dijukut iwake dibakar nggo mangan bengi.

Esuk-esuk nyong tangi jam 4 nggo deleng matahari muncul nang mburi umah. Nyong ndeleng matahari muncul karo mangan bubur ayam sing digawe karo dulur e aku. Pas wis jam 8 nyong dikongkon adus soale pan dijak lunga maring pantai pangandaran.

Seanjoge nyong nang pantai nyong dolanan banyu karo nginung es kelapa nang kana. Nang pantai akeh sing renang tapi nyong cuma dolanan banyu nang pinggir soale panas banget nang laute. Pas wis pada selese nginung karo mangan pada manjing  maring mobil soale pan balik maring umah.

Pas seaanjoge nyong nang umah dulur nyong turu soale kesel nemen. Nyong nang umahe dulur ana seminggu, Tapi nyong lunga maring hiburan cuma sehari sisane nyong nang umahe dulur bae. Pas wis seminggu nyong balik maring tegal karo nggawa oleh oleh sekang kana.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Liburan Nang Umahe Dulur Pas Bulan Agustus

 Pas liburan kenaikan kelas aku karo kakange aku lunga maring umahe dulur nang Ciamis. Aku lunganganggo mobil disetir karo bapane aku, Pas n...